Ukara

Ukara camboran yaiku ukara ingkang dumados saking kalih klausa utawi langkung. Ukara camboran sakboten-botene wasesanipun kedah langkung saking satunggal.
Ukara camboran punika jinisipun wonten 2:
1.      Camboran sajajar (Kalimat Majemuk Sederajat/Klausa Koordinatif)
§ Yaiku ukara ingkang dumados saking kalih klausa utawi langkung, klausa-klausa kalawau dipungabung dados satunggal mingunakaken tembung panggandheng utawi tandha koma.
§ Klausa ingkang wonten ing ukara camboran sajajar sadaya awujud klausa inti.
§ Tuladha : Sarno iku sugih tur ora sombong sisan, Aku mangan sate dene Parto bakso.
2.      Camboran sungsun (Kalimat Majemuk Bertingkat/Klausa Subordinatif)
§ Yaiku ukara ingkang dumados saking kalih klausa utawi langkung, ananging antawis klausa setunggal kaliyan sanesipun wonten ingkang nguwasani lan dipunkuwasani.
§ Ingkang nguwasani klausa inti (induk kalimat), dene ingkang dipunkuwasani klausa pang (anak kalimat).
§ Tuladha: Ibu nembe masak nalika aku lagi nyapu.


Adhedhasar warna-warnane, ukara iku bisa kaperang dadi lima yaiku:
1. Ukara Carita
    Yaiku ukara kang isine nyritakake sawijining bab utawa prastawa marang wong liya.
    Tuladha: a. Minggu sesuk Bapak arep tindak menyang Purwokerto.
               b. Nalika kelas VII kula plesiran dhateng Jakarta kaliyan kanca-kanca sakelas.
2. Ukara Pakon     Yaiku ukara kang isine prentah marang wong liya supaya nindakake bab utawa pakaryan kaya kang dikarepake sing kongkon.
    Tuladha: a. Dhik, tulung tutupna jendhela!
               b. Kelas sapunana supaya resik!
3. Ukara Pitakon     Yaiku ukara kang isine awujud pitakon.
    Tuladha: a. Pak Guru Basa Jawa sing anyar kae asmane sapa ya?
               b. Kadospundi menawi Panjenengan tindak sapunika kemawon?
4. Ukara Sambawa     Yaiku ukara kang isine pangarep-arep, saupama utawa sanadyan. Limrahe nganggo tembung-tembung imbuhan -a utawa -ana.
    Tuladha: a. Mas Joko tekaa saiki, aku wis kangen.
               b. Diwenehana klambi apik ya ora tau dienggo.
5. Ukara Sananta     Yaiku ukarang kang isine niyat, sedya utawa karep.
    Tuladha: a. Sesuk awan arep-arep nggolek degan ijo nenem cacahe.
               b. Supaya munggah sekolah aku kudu sregep sinau.

Jinise Ukara:
A) Ukara Carita
Ukara Carita iku sawenehe ukara kang surasane (isi lan tegese) aweh pawarta utawa carita ngenani sawijine perkara.
Tuladha: Para siswa padha sinau basa Jawa.

B) Ukara Pitakon (Kalimat Tanya).
Ukara pitakon iku sawenehe ukara kang surasane nakokake sawenehe prakara kang durung cetha, utawa durung jelas. Dene anggone ngrakit ukara iku kudu mawa wewaton ing bab utawa perkara apa kang ditakokake.
1)  Nakokake wewujudan.
a) Wewujudan manungsa → “sapa”. Tuladha: Sapa jenenge wong tuwamu?
b) Wewujudan barang → “apa”. Tuladha: Apa sing kok gawa kuwi?
c) Wewujudan tumrap samubarang → “endi”. Tuladha: Endi klambi sing kok silih?
2)  Nakokake kahanan, kanggo tembung → “kepriye (piye)”
Tuladha: kepriye kabare, lawas ora ketemu? Priye kedadene kok nganti bisa kaya ngana?
3)  Nakokake cacah, kanggo tembung → “pira/sepira
Tuladha: Pira regane gabah saben kilone? Sepira akehe zakat sing kudu dibayarake?
4)  Nakokake panggonan, kanggo tembung → “endi
Tuladha: endi omamu? Ingendi sekolahmu?
5)  Nakokake mangsa/wektu, kanggo tembung → “kapan, dhek kapan, besuk kapan, wayah apa
Tuladha: Kapan kowe dolan menyang omahku? Suk kapan tibane mangsa panen duren?

C) Ukara Agnya/Pakon (Kalimat Perintah)
Yaiku ukara kang surasane ngakon, mrentah marang wong supaya nindakake kaya kang dikarepake dening sing mrentah. Apa kang ditindakake dening wong mau kaya kasebut ing tembung kriyane. Lumrahe tembung kriyane oleh panambang a, na, ana, en, nen.
Tuladha:
o  Budhal + a  → kowe budhala saiki, supaya ora telat!
o  Jupuk + na → jupukna dhuwit ana dompet kuwi!
o  Dandan + ana → dandanana meja kuwi!
o  Panan + en → panganen berkat nang meja kuwi!
o  Angkat + en            → angkaten kursi kuwi!

D) Ukara Sabawa (Kalimat Seru).
Yen ta kahanan susah, bungah, kuciwa kaget gela iku kawetu ing ukara, mula ukarane diarani ukara sabawa. Ukara sabawa iku kang kocap metu saka lathi kadhang kala mung sak wanda sak tembung, la nana uga kang pirang-pirang tembung. Tuladha:
1)  Sabawa kang magepokan karo pengrunguThik, dher, jlegur.
Tuladha: Dhor! Sapisan bae pistol iku diarahake ing sikile jambret.
2)  Sabawa kang magepokan karo pandeleng, barang kang katon → Byar, lap, blas, nyat.
Tuladha: lap! Cahya thathit ilang sanalika, banjur gemgleger dadi bledheg.
3)  Sabwa kang magepokan karo pangungun/gumunWah, biyung, tobil, toblas.
Tuladha: wah-wah! Hebat tenan kowe!
4)  Sabawa kang magepokan karo rasa suka/bungahHore.
Tuladha: hore! Aku menang main bal voli!
5)  Sabawa kang magepokan karo rasa kagetHlo, lah, lah dalah.
     Tuladha: lah dalah! Jebule kowe ta malinge!, hlo! Dhompetku kok ilang!
6)  Sabawa kang mratelake (menyatakan) rasa kuciwa/prihatinE, o, dhuh, lo.

Tuladha: dhuh! Ibuku nganti dina iki kok durung kondur.

Komentar

Posting Komentar