Kisi UTS Gasal Bhs. Jawa

KISI-KISI UTS BAHASA JAWA
Kelas XII - Tahun Pelajaran 2016/2017

URAIAN
1.      Menyebutkan pupuh-pupuh tembang yang ada dalam Wedhatama
→ Pangkur, pocung, sinom, gambuh, kinanthi
2.      Membedakan tembang dengan sastra lain
Bedane tembang lan geguritan
Tembang
Geguritan
·         Cara nyampekake dinyanyekake
·         Nganggo slendro pelog/laras
·         Mawa paugeran
·         Cara nyampekake diwaca
·         Tanpa laras
·         Bebas/tanpa paugeran
3.      Membedakan macapat dengan tembang gedhe
4.      Membedakan geguritan dengan tembang dan karya sastra bentuk prosa (PG+Essay)
Geguritan lan tembang
Prosa
-          Wujude bait/pada
-          Basa kang digunakake seni/simbolik
-          Tegese tersirat
-          penampane rasa/interpretasi
-          kawujud paragraph
-          basa kang digunakake baku
-          tegese tersurat
-          penampane nalar/logika
5.      Membuat geguritan dengan tema lingkungan sekolah (individu)


PILGAN
1.      Sejarah macapat
o   Silsilah Mangkunegara IV

o   Ing jaman Mangkunegara IV, Mangkunegaran ngalami jaman keemasan (ekonomi, social, budaya)
o   Masa pamarentahan Mangkunegara IV (28 taun) kasebut jaman Kala Sumbaga (=termasyur/sangat sejahtera)
o   Mangkunegara IV menehi warisan arupa karya sastra arupa tembang/geguritan. Conto: Tripama, Manuhara, Nayakawara, Yogatama, Pariminta, Pralambang Lara Kenya, Pariwara, Rerepen Pranyangkara, Rerepen Prayasmara, Sendhon Langenswara, lan Wedhatama.
2.      Peraturan tembang macapat
o   Guru Gatra       : cacahing larik/baris saben sapada
o   Guru Wilangan : cacahing wanda saben sagatra
o   Guru Lagu       : tibaning swara ing pungkasan larik
3.      Disajikan petikan serat wedhatama pupuh kinanthi
-          Menjelaskan inti isi wedhatama
-          Mengartikan isi tembang
-          Menyebutkan ciri dan peraturan tembang
o   Guru Gatra             : cacahing larik/baris saben sapada
o   Guru Wilangan      : cacahing wanda saben sagatra
o   Guru Lagu             : tibaning swara ing pungkasan larik
-          Makna kata(dhiksi) dalam tembang
Dhiksi → pamilihane tembung
a.       Fraseologi → cara nggunakake tembung/tetembungan sajroning tatanan ukara kang luwih jembar
b.      Lelewaning basa (majas/gaya bahasa) → cara-carane penulis nggayakake basa, supaya endah lan kepenak dirungokake
c.       Pepindhan  → tetembungan kang ngemu surasa paumpaman
-          Menyebutkan jenis-jenis tembung dalam tembang dan membedakannya
§  Tembung Lingga : tembung sing isih wutuh kang durung antuk imbuhan
§  Tembung Andhahan : tembung sing wis owah saka asale
§  Tembung Rangkep(dwilingga) : tembung lingga kang dirangkep
§  Tembung Sandi (Garba)
a.       Sutrawam → sing oleh aksara “w” , cth: munggu+ing = munggweng
b.      Sutraye     → sing oleh aksara “y”  , cth: sugih+arta = sugyarta
c.       Warga Ha → sing ora kalebu ug lelorone iku, cth: nara+endra = narendra
4.      Disajikan beberapa karya geguritan dengan tema yang berbeda
-          Menyebutkan makna geguritan
-          Menyebutkan unsur utama geguritan
a.       Unsur intrinsik → Yi unsur kang bisa ditemokake lan dideleng ana ing sajroning geguritan
·         Tema
→ Yi inti prakara kang diangkat ing geguritan
→ Kayata : katresnan, lingkungan, agama, kasusahan, sosial
·         Rima
→ Yi unen-unen kang dibolan-baleni kang ndadekake geguritan katon endah amarga duweni wirama
·         Pilihan tembung/diksi
→ Duweni ancas kanggo ngasilake geguritan kang trep lan endah
→ Tembung kang digunakake :
a)      konotatif (tembung kang duweni teges entar/ora sabenere)
b)      denotatif (tembang kang duweni teges lugu/apa anane)
→ Diksi kang digunakake : dasanama, tembung plutan, tembung kawi, lan basa rinengga/arkhais
·         Purwakanthi
·         Gambaran pangindran → kanggo nemokake isine geguritan
Kaperang dadi papat :
1)      Pangindran pandeleng        : samubarang kang ana gegayutane karo mripat/paningal
2)      Pangindran pangambu       : samubarang kang ana gegayutane karo ambu/irung
3)      Pangindran pangrungu       : samubarang kang ana gegayutane karo rungu/kuping
4)      Pangindran pangrasa          : samubarang kang ana gegayutane karo pangrasa/ati
·         Amanat → Yi pesen kang diandharake pangripta marang pamaca
b.      Unsur ekstrinsik
→ awujud kahanan subjektivitas pangripta babagan pangrasane lan sebabe pangripta nganggit geguritan

5.      Menyebutkan dan membedakan jenis-jenis kata dalam geguritan
·         Lingga → Yaiku tembung kang durung owah saka asale
·         Purwakanthi
→ Puwakanthi yaiku gandhenge swara ing buri karo swara sing wis kasebut ing ngarepe
Purwakanthi kaperang dadi 3, yaiku :
1.      Purwakanthi guru swara/asonansi
→ Yi unen-unen vokal (a,i,u,e,o) kang dibaleni kanthi urut sajrone baris-baris geguritan
→ Ancas : kanggo nyritakake kahanan kang ora kapenak, susah, serem, lan nyenengake
→ tuladha :            -  Ciri wanci, lelali ginawa mati
-    Ana awan, ana pangan
-    Gelem obah mesti mamah
2.      Purwakanthi guru sastra/aliterasi
→ Yi unen-unen konsonan kang dibaleni kanthi urut sajrone baris-baris geguritan
→ Ancas : kanggo nyritakake kahanan kang ora penak, susah, lan serem
→ tuladha :            -  Bobot, bibit, bebet
-    Katua-tula ketali
-    Tatag, teteg bakal tutug
3.      Purwakanthi lumaksita/basa
→ Yi purwakanthi kang tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake
→ tuladha : -  Witing tresna, tresnane mung sawetara
-    Rujak degan, degane krambil ijo
-    Mangan ati, atine sing kelara-lara
·         Plutan → Yi tembung kang diringkes


1.      Ringkes ngarep (apheresis)
-          Datan → tan
-          Ora → ra
-          Mengko → ngko
2.      Ringkes mburi (protesis)
-          Jare → jar
-          Jale → jal
-          Make → mak


3.      Ringkes tengah (paragog)
-          Keramas → kramas
-          Sukoharjo → sukarjo
·         Camboran
→ Yi tembung loro kang digandeng dadi siji
Camboran kaperang dadi 2, yaiku :
1.      Camboran wutuh/tunggal
→ Yi tembung loro kang dirangkep dadi siji nanging duweni teges anyar
→ Tuladha
-          Ajur ajer tegese luwes
-          Edi peni tegese endah, apik banget
-          Tindak tanduk tegese sesolahe
-          Lara lapa tegese rekasa
-          Bau suku tegese tenaga
-          Bulu bekti tegese pisungsung
-          Ngelu mules tegese lara
2.      Camboran tugel/wancah
→ Yi tembung loro kang dirangkep dadi siji kang tegese cedhak karo tembunge
→ Tuladha
-          Abang ijo dadi bangjo
-          Idu abang dadi dubang
-          Cendhek dhuwur dadi dhekwur
-          Siji loro dadi jiro
-          Bathuk klimis dadi thukmis
·         Dwilingga
→ tembung lingga kang dirangkep
Dwilingga kaperang dadi :
1.      Dwilingga wantah → tembung kang linggane dirangkep
-          Guru-guru
-          Bocah-bocah
-          Ibu-ibu
2.      Dwilingga salin swaratembung kang dirangkep linggane nanging ana saperangan swarane kang owah
-          Wira - wiri
-          Mloka-mlaku
-          Mrono-mrene
3.      Dwilingga semu → dwilingga kang ora duwe lingga (kata dasar)
-          Ali-ali
-          Lumba-lumba
4.      Dwipurwa → tembung kang wanda wiwitane dirangkep
-          Lara → lalara → lelara
-          Tuku → tutuku → tetuku
-          Tulung → tutulung → tetulung
5.      Dwiwasana → tembung kang wanda pungkasane dirangkep
-          Cenges → cengesnges → cengenges
-          Cekik → cekikkik → cekikik
·         Saroja → tembung 2 digandeng dadi 1 tegese mbangetake
a)      Abang mbranang
b)      Babak bundhas
c)      Campur adhuk
d)      Edi peni
e)      Obah mosik
·         Yogyaswara → Yi tembung 2 digandeng dadi 1 kang duweni teges lanang wadon
a)      Putra-putri
b)      Siswa-siswi
c)      Dewa-dewi
d)      Gendhana-gendhini
·         Entar → Yi tembung kang maknane kiasan(konotasi)
a)      Abang kupinge      : nesu banget
b)      Entheng tangane    : seneng tandang gawe
c)      Idu geni                 : omongane tansah kelakon
d)      Cilik atine              : wedinan/kuatir
e)      Cupet atine            : gampang nesu
·         Cangkriman → Yi unen-unen kang kudu dibatang utawa dibethek maksude
1.      Cangkriman kang awujud tembang wancahan
-          Burnas kopen : bubur panas kokopen
-          Manu biru      : pamane punuk, bibine kuru
-          Pakboletus     : tapak kebo lelene satus
-          Kicak etan     : kaki macak ing suketan
2.      Cangkriman kang ngemu surasa pepindhan/irib-iriban
-          Dicakot pucuke sing kelong bongkote → rokok
-          Pitik walik sobo kebon          → nanas
-          Bosok malah enak → tape
-          Tibane ngisor, digoleki dhuwur → gendheng trocoh
3.      Cangkriman kang ngemu surasa blenderan
-          Bumi winalik cekelane apa?
Batangane = wluku
-          Gedhang nunggang kupu
Batangane = raja nunggang gajah
-          Bok Siyah matine ketiban apa?
Batangane = uleg-uleg (muthu)
-          Wong dodol bakal (kain) ing pasar klewer digantungi.
-          Wong dodol klapa ing pasar dikepruki.
-          Wong dodol mbako diambungi.
·         Dasanama → Yi tembung pirang-pirang kang duweni teges siji/padha
a)      Angin         : bayu, pawana, sindhung, riwut, maruta, braja
b)      Gunung      : wukir, ardi, arga, giri, meru, aldaka
c)      Iwak          : mina, ulan, matswa
d)      Candra       : rembulan, purnama, wulan, sasi

6.      Menyebutkan jenis-jenis ungkapan dalam geguritan dan mengartikannya
·         Parikan → Yi unen-unen ajeg, mawa purwakanthi tegese mligi
Tuladha :         Esuk nakir sore ya nakir
Sing ditakir godhong ploso
Esuk mikir sore ya mikir
Sing dipikir ora krasa
·         Paribasan → Yi unen-unen ajeg mawa purwakanthi tegese entar
Tuladha :        Adigang, adigung, adiguna
Becik ketitik ala ketara

7.      Mengartikan kata-kata/dhiksi

Komentar

Posting Komentar